Peb
08
2012
Today
Iklan
Iklan
Cuaca Cilacap 08-02-2012

Hujan Sedang
Suhu : 24-320C
Angin : 5-30km/jam
Cuaca Maritim KLIK Disini
CILACAPMEDIA.com : situs berita Cilacap dan sekitarnya. Cepat, akurat, jujur dan independen.

Login

Nama Pengguna Kata sandi
Lupa kata sandi anda? Lupa nama pengguna anda?
Iklan
Apa Artine Sex Pak..??? Cetak E-mail
Rabu, 16 Juli 2008 12:09

Wektu pas wayahe bocah-bocah mlebu sekolah SD, ana bocah sing tembe lulus TK. Siki mlebu SD Pethungan jenengane “Dodi”. Bocah kiye mandan mencinat alias ora gelem meneng. Nang kelas SD sing anyar ya sering diomehi nang gurune mergane wektune belajar malah gurisan bae karo kancane.

Pas seminggu mlebu sekolah, gurune ngewehi tugas kon diisi nang murid-muride. Kone gurune ya ulih takon karo Bapake apa ibune apa lilike...sapa bae ya ulih ditakoni. Pas sorene Dodi ngisi tugas sekang gurune, tapi ana tugas siji sing ora bisa diisi. Akhire dodi takon karo Bapake.

Dodi : Pak, Sex sih artine apa ya Pak ??

Ramane Dodi kaget krungu ijig-ijig anake takon masalah sex, kejaba kuwe nang Dodi ora ditidokna buku tugas sekang gurune. Nang pikirane ramane Dodi ( aja-aja anaku sering ndeleng film porno karo batire apa ya, apa sering ndeleng sinetron neng TV ). Tapi ngebayang akhire nang Ramane Dodi soale siki kan jamane wis modern sing bisa nggawe pikiran menungsa terbuka ( termasuk si Dodi anake...).

Akhire ramane Dodi mikir nggolet-nggolet jawaban sing tepat nggo anake lanang juga sing sesuai karo umure anake.dengan harapan ben Dodi ora ketinggalan neng arus jaman sing serba modern ....

Ramane Dodi molai ngewei jawaban tapi karo bahasa kiasan = kumbang karo kembang, ondok sing tembe netes terus dadi kecebong terus suwe-suwe dadi kodok, juga pembentukan bayi neng njero kandungan.

Sedurunge jawabane rampung, ramane Dodi juga nyritakna wektu esih pacaran karo mamake Dodi, wektu  jaman-jamane sekolah SMA gemiyen.

Ramane : Sampe akhire nikah karo mamakmu, terus lahir bayi comel ya kuwe, kowe Dod...!” ujare ramane Dodi.

Nah menurute bapake jawabane sex ya kaya kuwe mau.

Ijik-ijik Dodi nangis mbaor-mbaor, karo rendetan cangkeme.

Dodi : Nek kaya kiye jawabane aku mumet Pak....!! 

Ramane Dodi kaget : Ana apa Dod ?

Tapi Dodi esih tetep nangis karo lambene rendetan baen.

Dodi : Pak jawabane akeh temen sih........? Karo nerusna nangise

Dodi : hu.....hu......hu....hu................., terus nang endi tempate aku ngisi jawabane pak lah jan...?

Dodi akhire ngewei buku latihan bahasa Inggris meng rapake, kon ndeleng sing nang sampul ngarep buku ana tulisan. 

Ramane Dodi nembe mudheng, “Oh......oh......oh......, jebule kon ngisi kaya kiye,” ramane ndeleng buku karo mlompong

 

 

 

 

 

 

SCROLL DOWN........ .....!  ( Meng Ngisor ) 
  
  
  

  
  
  
------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------- 
  
      
NAME      : ............ ......... ......... ....
SCHOOL : ............ ......... ......... ...
CLASS    : ............ ......... ......... ....
SEX        :...........   ????

 

 

Artikel dikirim oleh Sumarno



Share on
Facebook! Twitter! Joomla Free PHP