| Raben Tempik Ciut |
|
|
| Jumat, 14 Desember 2007 19:22 |
|
"Gyeh kang rika nek nggawe judul mandan beres sending jajal ketone Kemutan dong isih esempe inyong nduwe guru sing lucu pisan jenenge Pak Satiman. Dheweke guru mata pelajaran (pela jaran sih kayangapa yah? ...nek aku ngertine kur pela pitik ..jyan nek di goyeng gaying dadi pela gubed, pela sing degubed karo usus nylekamin pisan koh) geografi, guruku kiyeh merupakan tipe guru sing temenanan ya kuwe wagu lan saru.... Pak Satiman nek mulang sarune pol lan lucu pisan, pokoke 2 jam pelajaran ora krasa sebabe ngguyu terus nganti wetenge kaku ngguyu terus, dheweke nek nyeluk muride ora tau nganggo jenenge muride, dadi nek nyeluk kuwe nganggo jenenge ramane. Sing tak gumuni jeneng ramane muride apal kabeh koh...njelehi banget mbok. Sing de senengi maning ya kuwe ora tau nganakna ulangan, gantine ya kuwe nggawe rangkuman sing de kumpulna dina ngesuke sedurunge jam pitu isuk,gampang tapine sok akeh sing kelalen.. "Kang deneng judule karo isine ora nyambung apa yoh?" Raben Tempik Ciut kuwe gemiyen aku ngertine ya sekang guruku mau Pak Satiman,( siap-siap baen ana sing kuciwa nek ngarepna tulisan kiye mbahas bab sing saru..maaf telah mengecewakan anda..he.he). Raben Tempik Ciut kuwe singkatan sekang "Rawa Bendungan Tempat Piknik Cilacap Utara", ya kuwe tempat plesiran sing nang sebelah lor kota Tlacap. Sing siki panggonane wis ora keurus maning, nggone wis kotor kebek karo enceng gondok cekake ya terlantar kaya kuwe lah. Padahal ndisit sempat arep digawe wisata air tapi mbuh kenangapa ora de terusaken. Ndisit jaman taun 80-90-an Rawa bendungan termasuk rame nggo plesiran, apa maning nek pas bada jyan rame pisan. Ditambah maning ana hiburan dangdutan tambah rame kuweh, lewih-lewih nek artise sekang ibukota nek ora ya Grup Ken Arok sing penyanyine sexsih-sexsih pisan ( anu sok nonton sih inyong ). Tau ana sing nonton mandan salah kostum cara inyong, bocahe sangar nganggo kaos gambare tah Metalicca tapi jogede nang ngarep dhewek ora kena kesenggol .. (huuulah ora cocog karo kaose kang!) Artikel dikirim oleh : Gambar Pacul |












