| Ora Kabeh Wong Cilacap/Banyumas Ngerti Artine CABLAKA |
| Selasa, 18 Desember 2007 11:01 |
|
Kejadiane kiye kira-kira tahun 1978 wektu kuwe aku esih kelas 5 SD. Aku manggon nang Gumilir Jalan Ketapang (semenane jenege isih jalan Mangkuyudha). Wektu kuwe aku karo rama biyungku lagi dopokan nang mbale (teras) dinane Minggu nek ora salah kira-kira ya jam 12.00 awan. Ijig-ijig ana wong lanang teka, umure kira-kira 60 tahun. Ujarku wong tua kuwe arep ulem-ulem. Wong aku karo rama biyungku ora kenal. Jebulane wong tuwa kuwe mau keperluane mung njaluk madhang sebabe kencoten. Sekang isuk jere ora sarapan. Kaya kiye tembunge karo rama biyungku : Nggih waleh-waleh mawon pak, kula mriki jane mung bade ngrusuhi njenegan sedaya, kula kawit enjing dereng nedi, lha kula mlampah saking Kesugihan kawit enjing nggoleti anak wadon kula sing manggon teng Gumilir boten kepanggih malah kesasar tekan mriki, kula pun mboten kuwat mlampah niki. Kula boten gadhah sangu. Lha niki kula nyuwun kawelasan njenengan sedaya, mugiya kersa maringi sekul sepiring. Lha ndilalahe biyungku tes nyembeleh ayam karo tembe bae matengan. Age-age biyungku karo mbrebes mili nyiapna sega karo lawuhe, terus padha madhang bareng. Lha saking kencote mbok ya, wong tuwa mau madhange nganti entong rong piring. Seuwise madhang karo ngaso kurang lewih ana setengah jam, dheweke njaluk pamit arep bali bae maring Kesugihan wong ket kesuk nggoleti anake wadon ora ketemu. Lha biyungku sing wonge ora tegelan mbungkusna sega karo lawuhe karo aweh sangu dhuwit sethithik guli ngulungna karo nangis. Nggih mpun Pak atos-atos teng ndalan ngenjang mawon ken ngeterna lare guli nggoleti anak wadon wong njenegan pun sepuh ampun tindak dhewekan (tapi biyungku ngendikane BANDEK lho..) Seuwise kedadeyan kuwe ramaku aweh piwulang maring aku kaya kiye : Kuwe Gus, tumindake wong tuwa kuwe perlu diconto, deweke CABLAKA, terus terang njaluk sega mergane kencoten, ora ngemis, ora nyolong. Kowe nek bisa nyonto kelakuane wong tua mau. Dadi nang ngendi parane kowe kudu CABLAKA. Nek bener ya ngomong bener, nek salah ya aja ditutup-tutupi (nek Ramakungendikane wis Mandan ora BANDEK. Beliau Mandan teyeng ngendikan Banyumasan). Kowe nggolet piwulang sing apik ora kudu teka maring Kyai, Profesor, Pendeta lan wong-wong linuwih, kowe bisa sinau maring pengalaman sing sederhana sing dialami saben dinane, piwulang kuwe ora kalah mutune, bene kuwe ulihe sekang wong mlarat, wong ngemis lan wong sing rekasa uripe Kedadiyan mau wis puluhan tahun, rama biyungku ya wis seda tapi piwulang mau esih tek eling-eling tekan seprene. Nang ngendi bae parane. Aku dadi mikir, jajal nek para pemimpin Cilacap khususe bisa nyonto kelakuane wong tua mau, wong tua sing banget prasaja (sederhana) uripe. CABLAKA, apa anane, ora nana sing ditutup-tutupi, bener ya ngomong bener, salah ya kudu terus terang. Kayane urip dadi nyenengna ya..dadi semangat...bisa bangga karo daerah asale Cilacap sing digadhang-gadhang. Ngimpi ora aku ya..????? Artikel dikirim oleh : Agus Swasana |










