| Ganjel Ya Atos! |
| Sabtu, 22 Desember 2007 12:04 |
|
"Salah paham sing disebabna beda bahasa sering kedadean nang endi bae" Ana supir trek gandengan asale kang Tasik jenenge Jajang, duwe kenet asalae kang Sidareja jenenge Lasiman. Lasiman kuwe mandan kurang genep pikirane (bahasa popular-e mandan lengob). Trek gandengan muatane Semen Nusantara (siki Holcim sing nambang pulau Nusakambangan). Jere arep di ulas karo bung Gino tapi tak enteni ora metu-metu.he.he..he.Just remind you. aduh jan gembelenge ngomong inggrisan..). Mbalik maning nang...Laptop..kaya kuwe! Sewijine dina trek gandengan mau muat semen kebek menclep-menclep, arep de gawa aring Bandung. Lha ndilalah tekan pudunan Lumbir ban mburi sing sisih kiwa njeblug. Duarr…!!Duarr.!! kaya mercon karbid nek arep badha (siki wis dilarang ndeyan). Wis jelas nek urusan ban njedor kuwe tugase kenet alias Lasiman. Lha men aja nglundung sedurunge didongkrak, ban diganjel nganggo patok balok glugu gedhe banget. Lumangyan suwe guli ngganti ban wis rampung, si Jajang tulung-tulung sekang jagongan supir : Jajang : Mang. Lamona atos ngganti ban ganjlena dicokot! (maksude nek wis rampung guli ngganti ban ganjele dijukut. Bahasa sundane dicokot kuwe dijukut..) Lha dasare si Lasiman mandan lengob (nyuwun sewu). Deweke mengkureb terus cangkeme manga terus ganjele balok glugu sing gedhe banget mau dicokot (dicokot temenanan - bahasa Cilacap). Jajang : Atos Mang..ganjelna dicokot? (uwis apa durung ganjele dijukut). Pengertiane si Lasiman lengob atos kuwe ya atos sing kaya watu (atos temenan - bahasa Cilacap). Dheweke njawab karo glagepan wong cangkeme karo nyokot glugu). Lasiman : Atos banget kiye. Untuku nganti laraaaaaaaaaa!!! Lha maksude si Jajang ganjel wis dicokot (dijukut - bahasa sunda) terus trek gandengan si-starter. Terus kupling diedek prosneleng mlebu siji.glek..! Tapi grengggggg!! Ora bisa mlaku lha wong ganjele kon dijukut malah dicokot sih... Si Jajang ngamuk ndeleng sekang sepion : prentah si Lasiman kong njukut Jajang : Gelo sia itu ganjel dicokot atuh mang…!! (dasar kenthir, kuwe ganjele dijukut kang). Rumangsa wis nglakokna sing di prentah karo Jajang kon nyokot ganjel si Lasiman : Apa kowe picek? Kiye mbok wis tak cokot..???”
Artikel dikirim oleh : Agus Swasana |










