Peb
08
2012
Today
Iklan
Iklan
Cuaca Cilacap 08-02-2012

Hujan Sedang
Suhu : 24-320C
Angin : 5-30km/jam
Cuaca Maritim KLIK Disini
CILACAPMEDIA.com : situs berita Cilacap dan sekitarnya. Cepat, akurat, jujur dan independen.

Login

Nama Pengguna Kata sandi
Lupa kata sandi anda? Lupa nama pengguna anda?
Iklan
Aja Isin Diarani Wong Kampung Asal Aja Kampungan……!! Cetak E-mail
Minggu, 20 Januari 2008 15:37

Aku sering kenalan karo wong nek lagi lunga-lunga numpak kendaraan umum : bis, sepur, travel apa montor mabur (nek kapal laut si durung tau….jan…ngisin-ngisini banget…padahal asli Tlacap pinggir kisik….). Nek aku takon karo kenalan anyar mau, sing sering tak takokna : "Asale sekang ngendi??"  Jawabane macem-macem. Contone ana sing njawab sekang Tlacap.

Nek tek oyok maning Tlacape ngendi? Ana sing njawab Kawunganten, Lebeng, Gandrung, Sidareja, Jalan Rinjani, Karang Talun, Jalan Ketapang, Kebon Baru, akeh maning. Nek tek oyok maning "Mas gyeh..rika asale sekang Kawunganten deneng ngaku Tlacap???" Jawabane macem-macem juga : "Nek aku ngomong Kawunganten tur sing takon dudu wong Tlacap bingung mbok sing takon??" Ana sing njawab kaya kiye : "Men keton Kota mas…Nek ngomong Kawunganten kan ketone Kampung bin Ndeso."

Jawaban mau ya bener kabeh, ora nana sing salah. Tapi nek cara inyong tah nangapa isin diarani wong kampung ?????.

Para sedulur isih kelingan mbok jamane krismon. Wektu semeno rega BBM mundhak, Akibate rega keperluan sandang pangan ya pada mundhak, pendheken saben dina nek ngrungokna radio apa ndeleng tipi beritane nelangsani, ana sing sedina kur madang sepisan, ana sing lagi ngliwet dicolong karo panci-pancine, ana sing madhang sega aking, pokoke nelangsani banget lah.

Wektu semenane aku bali kampung maring ndesane rama biyungku nang Karang Mojo, gunung Kidul (DIY). Aku nginep nang umahe liliku sing wong tani gel, ora duwe TV, ora duwe kulkas, apa maning tilpun wong listrik be durung mlebu. Tapi sing tak gumuni, nang kana kuwe ora nana istilah krismon (krisis moneter). Liliku sekeluarga ora kurang pangan, anake ya pada lemu-lemu tur sekolah kabeh, malah ana sing kuliah nang Jogja, mbayar SPP ya ora tau nunggak.

Liliku malah ngomong kaya kiye : "Sing krismon kan wong kota sing masake nganggo lenga tanah utawane gas, lha nang kene masake nganggo pawon, kayu gari repek nang pekarangane dewek, sayuran wis ana, kepengin nyembeleh ayam gari nyekel nang kandang pirang-pirang, ora duwe duwit bisa adol sapi nggo mbayari SPP bocah-bocah." Njelehi banget kan Liliku ngenyek banget karo wong kota. Tapi ya pancen bener, keadaane liliku ora terpengaruh krismon.

Nek tak pikir-pikir kadang-kadang kenapa ya esih ana sing isin diarani wong Kampung??? Padahal urip nang kampung kan lewih ayem, ora polusi, karo tangga teparo ya pada guyub, esih ana sambatan mengko nek wis rampung sambatan diundang kepungan, jan….urip indah banget mbok….????

Aku dadi kelingan lagi kelas 2 SMP, bali sekolah diadhang nang bocah-bocah Kebon Baru (sekolahanku pedek banget karo Kebon Baru), bocahe ta dandanane kota, stil, tapi ya kuwe hobine njaluki dhuwit maring bocah-bocah sekolah. Tau yah…bocahe gayane mabok, ababe mambu nginuman (KTI ndeyan…) sempoyongan terus ngadang aku njaluk dhuwit….lha inyong wedi banget timbang babak bunyak diantemi mendingan tak wehi mbok???? Lagi bae tanganku ngrogoh sak arep njikut dhuwit, ijig-ijig ana petugas teka, lha bocah sing malaki mau mlayu sipat kuping kaya kancil nyolong timun konangan pak tani….jan…mlayune kebat banget…..aku dadi ngguyu geget pisan…ujarku mabok…. dioyok pulisi mlayune nang ngarep dewek….berarti KTI kuwe kur nggo kemu ya…..jan…bocah kota koh kelakuane kampungan banget….aja diconto kuwe….ora becik lah!

Nah…mending dadi wong kampung tapi kelakuane becik mbok?? Timbang dadi wong kota kelakuane kampungan kaya sing padha ndem-ndeman terus njaluki dhuwit.

Liliku pernah ngomong karo aku kaya kiye : "Aku ora isin dadi wong kampung, siki sing larang regane serba kampung. Ayam Kampung daginge regane tikel loro, endhoge ya regane larang kanggo jamu lewih berkasiat." Njelehi banget ya liliku, ngenyek terus maring wong kota, berarti ayam kota regane diobral….asem….

Lha siki nek kenalan karo wong liya trus ditakoni : "Asale sekang ngendi??"  misale kang Kawunganten apa kang Nusawungu ya jawab baen apa anane, misale jawabe : "Kawunganten" Nek wonge bingung sebabe dudu asli Tlacap dheweke ngoyok maning : "Kawunganten si nang ngendi?" Jawab bae nang Tlacap, nek ora ngerti Tlacap jawab bae Jawa Tengah, Nek ora ngerti Jawa Tengah jawab bae Indonesia, Nek Indonesia ora ngerti berarti sing takon lagi koleng…utange akeh…..!

Dadi kesimpulane para sedulur…arep asale sekang ndesa Kluthuk…arep asale sekang Kota Metropolitan….kuwe dudu ukuran kanggo ngukur tindak tanduke awake dhewek….Setuju mbokan?

Artikel dikirim oleh : Agus Swasana



Share on
Facebook! Twitter! Joomla Free PHP